Senin, 16 Juli 2012

Tuladha Sesorah

Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun, keparenga kula matur,
          Bapak Kepala Desa Tegalsari, Bapak-Bapak Perangkat Desa Tegalsari, para Bapak/ Ibu Pimpinan punapa dene Anggota BPD, para Bapak Ketua RW miwah RT, sesepuh, tokoh masyarakat, para kadang mudha Karang Taruna Tunas Mekar Tegalsari, miwah para rawuh sadaya ingkang tansah kula kurmati.
          Puji syukur sesarengan kita konjukaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring nugraha agung angempalaken kita sedaya winengku ing suka basuki ing Balai Desa Tegalsari dalu punika. Keparenga Pengurus Karang Taruna Tunas Mekar angaturaken sugeng rawuh katur panjenengan, dene panjenengan kasdu angrawuhi Pentas Seni Karang Taruna Tunas Mekar mengeti ambal warsa kamardikan RI ingkang kaping 65, Selasa Pahing 17 Agustus 2010.
Ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjengan sadaya, dene panjengan sampun paring kawigatosan, eguh pratikel, bandha beya murih kasembadaning adicara ing dalu punika. Mugi Gusti ingkang Maha Paring Piwales kepareng paring lintu ingkang matikel awit sih kadarman panjenengan sadaya.
          Para rawuh, kasembading adicara dalu punika awit saking peparing sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos miwah jumbuhing cipta, rasa, dalah karsa para warga bebrayan ing Tegalsari.
         Sekedhap malih, para mudha minangka dutaning seni saking saben RW badhe ngetingalaken kasagedanipun. Ing antawisipun nabuh gangsa, mbeksa, maos geguritan, nyekar macapat, musik campur sari punapa dene slow rock. Ingkang salajengipun panacad miwah pangalembana kula sumanggakaken wonten ngarsa panjengan sadaya.
          Kita sadaya nggadhahi ancas supados adicara punika dados sarana kiprah ingkang sakalangkung prayogi kangge tangsul murih raket sarta guyub rukunipun warga Tegalsari, miwah kangge nranggulangi para mudha saking sesrawungan ingkang mbebayani, sampun ngantos gampil kepleset dhateng miras lan narkoba.
     Wasananing atur, sadaya kalepatan miwah samukawis ingkang boten damel sarjuning panggalih, kula minangka pengawakipun para kadang Karang Taruna Mekar Tegalsari nyuwun agunging samudra pangaksami.
          Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar