Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun, keparenga kula matur,
Bapak
Kepala Desa Tegalsari, Bapak-Bapak Perangkat Desa Tegalsari, para Bapak/ Ibu
Pimpinan punapa dene Anggota BPD, para Bapak Ketua RW miwah RT, sesepuh, tokoh
masyarakat, para kadang mudha Karang Taruna Tunas Mekar Tegalsari, miwah para
rawuh sadaya ingkang tansah kula kurmati.
Puji
syukur sesarengan kita konjukaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun
paring nugraha agung angempalaken kita sedaya winengku ing suka basuki ing
Balai Desa Tegalsari dalu punika. Keparenga Pengurus Karang Taruna Tunas Mekar
angaturaken sugeng rawuh katur panjenengan, dene panjenengan kasdu angrawuhi
Pentas Seni Karang Taruna Tunas Mekar mengeti ambal warsa kamardikan RI ingkang
kaping 65, Selasa Pahing 17 Agustus 2010.
Ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjengan sadaya,
dene panjengan sampun paring kawigatosan, eguh pratikel, bandha beya murih
kasembadaning adicara ing dalu punika. Mugi Gusti ingkang Maha Paring Piwales
kepareng paring lintu ingkang matikel awit sih kadarman panjenengan sadaya.
Para
rawuh, kasembading adicara dalu punika awit saking peparing sih nugrahaning
Gusti Ingkang Maha Kuwaos miwah jumbuhing cipta, rasa, dalah karsa para warga
bebrayan ing Tegalsari.
Sekedhap
malih, para mudha minangka dutaning seni saking saben RW badhe ngetingalaken
kasagedanipun. Ing antawisipun nabuh gangsa, mbeksa, maos geguritan, nyekar
macapat, musik campur sari punapa dene slow rock. Ingkang salajengipun panacad
miwah pangalembana kula sumanggakaken wonten ngarsa panjengan sadaya.
Kita sadaya nggadhahi ancas supados adicara
punika dados sarana kiprah ingkang sakalangkung prayogi
kangge tangsul murih raket sarta guyub rukunipun warga Tegalsari, miwah kangge
nranggulangi para mudha saking sesrawungan ingkang mbebayani, sampun ngantos
gampil kepleset dhateng miras lan narkoba.
Wasananing
atur, sadaya kalepatan miwah samukawis ingkang boten damel sarjuning panggalih, kula
minangka pengawakipun para kadang Karang Taruna Mekar Tegalsari nyuwun agunging
samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.