Jumat, 21 September 2012

TULADHA GEGURITAN


Katresnan

Aris Wahyudin, S.Pd. *)


Aku ora ngerti
Aku durung ngerti
Kabeh mau durung ngerti
Sapa ingsun
Sapa ingsun
Nalika lintang panjer ana ing wayah ratri
Kang bagaskara ana ing sisih wetan
Jumedhul saka cipta lan karsane gusthi
Aku durung ngerti
Saben unjal napas
Tyas iki uga durung ngerti, apa lan apa
Ingsun dudu Bathara,
Dudu Kurusetra, dudu Pandhawa, dudu Nabi
Uga dudu Malekat,….
Ingsun namung jalma
Jalma kang bisa gawe luput
Ingsun dudu Sosialis
Dudu Komunis, dudu liberalis, uga dudu faundamentalis
Ingsun namung jalma kang akeh luput
Luput marang sapadha-padha
Ingsun pengen urip kang kebak katresnan
Ayuh padha sinandhing ana ing bebrayan
Kang rukun lan sentosa
Aja gawe manah iki kuciwa
Nek ora,….
Aja salahke ingsun.


Lereng Slamet, 19 Januari 2012
Nalika nunggu bedhug isyak mungel.
*) kanca sinau mapel basa Jawa SMA N 1 Bobotsari, Purbalingga

1 komentar:

  1. ok pak,, kunjungi juga businessaftersschool.blogspot.com ya pak?

    BalasHapus