Belgia, 12 Maret 2012
Kegem Bapak lan Ibu
Wonten ing ndalem Solo
Assalamu'alaikum Wr. Wb
Kados pundi kahananipun Bapak lan Ibu? Mugi-mugi Gusti
Allah tansah maringi kanugrahan lan kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu.
Alhamdulillah kula lan putra mantu tansah bagas waras.
Bapak lan Ibu ingkang satuhu kula bekteni, kenanthenan
serat menika, kula badhe matur bilih kula Insya Allah badhe wangsul dateng Solo
benjang sasi Agustus kinepatan sasi riyaya Idul Fitri. Nyuwun pangestunipun
mugi-mugi sedaya dipun paring lancar saengga mboten wonten tambahan tugas
kuliah ingkang kedah kula rampungaken.
Mbok bilih wonten upakarti utawi oleh-oleh ingkang
dipun kersakaken saking Belgia, sumangga kula aturi telepon kemawon. Insya
Allah saged kula padosaken dateng mriki.
Kula kinten cekap semanten rumiyin serat saking
ingkang putra.
Wassalamu'alaikum wr. wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar